Tinggalkan komentar

Reformasi Pulisi

Reformasi pulisi wis lumaksana 11 taun. Akeh kang ngelikake saiki masarakat nyereng marang kinerjane pulisi. Kayane akeh warga kang ora percaya maneh marang korps klambi coklat kuwi. Bab iki adhedhasar anane saperangan kasus kang ngembet pulisi. Contone ana rekaman ang dinuga minangka payane rekayasa marang proses hukum, wis ngebencih lan nggugurake cangcalan anane jangkahe pulisi. Iki salah sawijining bukti sing nyata dene lembaga Polri kudu dibenahi.
Gonjang-ganjinge pulisi dadi beteh sing penting nalika dumadi konflik kapentingan antarane masarakat lan pamarentah minangka pengagem kungkulan pulitik. Prastawa iku ora patiya ngeresepake menawa dideleng saka payane mbangun pulisi kang professional. Apa maneh ing upayane reformasi, methal Polri saka struktur, budaya, lan konten TNI isih dadi maya tinimbang kasunyatan.
Saiki masarakat lagi ngelah Polri. Panggugat iki prayogane antukĀ  kawigaten sing nemen menawa Polri temenan arep ngereformasi awake dhewe. Kita wis ngerti yen wiwit biyen wong padha jirih menawa arep ngelapurke masalah marang pulisi. Ibarate Kebo ilang tombok kandhang utawa wis kelangan banjur ngelapur marang pulisi malah ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki eh malah ora ketemu.
Reformasi pulisi sakmestine ditemtokake piye carane nyelah lembagane kepulisian ing wadahe Negara demokrasiĀ  sing adhedasar kakuatane masarakat sipil.
Nanging akehe elit politik kang cawe-cawe ing lembaga kepulisian utamane pas wayahe pilihan kapalane Polri agawe lembagane kepulisian kaya dadi bancakan dening politisi. Yen wis kaya ngene kekarepan mbangun pulisi sing profesional malah kaya njunjung genthong.

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.