Kapal Rudal Anyar Saka Batam

Sasuwene taun iki kita disugokake pawarta kang ngerarapu lan mbombongke ati sing ana gegayutane karo upayaning negara iki gawe para wadya balancing republik iki dadi gagah. Anggaran walanja kanggo bayangkaraning republik, utamane walanja alutsista diglontorake kanti gedhe-gedhean. Pamarentah liwat palulusan saka DPR wis netepke ardana angkane Rp 150 trilyun kanggo modernisasi pasanjatan TNI.

Donge kita bisa mangerteni lan ngregeni perjuangane wadya balaning negeri sing wajar banget yen nganggo alutsista modern, ora mung didandani ana ing upacara pengetan lan utawa unjuk dhiri.

Salah sawijining pawarta kang gawe bungahing ati yaiku rampunge Kapal Cepat Rudal sing digawe dening putra-putri Indonesia dhewe. Kapal kang apeparab KCR-40 Clurit iki digawe kanthi bahan-bahan dasar saka Indonesia  mesthine sinambut kanthi mbombonging lan remen ing ati. Saengga kita bisa terus tancep gas kanggo ngembangke industri pertahanan mandiri. Mula kuwi ora prelu ngemis lan ngarep welas asihing negara liya, apamaneh yen ngengeti dene industri pertahanan kuwi dhewe mujudake bidang kang sensitif.

Kapal  iki nggunakake bahan baja alumunium sing diegarake industry perkapalan ing Batam kanggo Indonesia lan jagad internasional. Kapal iki bakal dijangkepi karo system persenjataan modern arupa sensor pengendari senjata modern, Meriem kaliber 30 mm 6 laras minangka Sistem Persenjataan Tertutup sarta peluru kendali.

Anane kapal sing nduwe sistem pendorongan  handal iki diangkah bisa mbiyantu nglaksanakake tugas-tugas TNI AL lan uga bisa dadi tambahan kakuwatan ing tapel wates.  Kadekna kita saiki ngarep ora ana malih negara tangga sing wani unjuk gigi ngelewati tapel watese Indonesia yen ora gelem babak belur. Saiki wancine Angkatan Laut ngantukake semboyan sing  unine Jalesveva Jayamahe, Neng Segara Kita Digdaya.

0 Tanggapan ke “Kapal Rudal Anyar Saka Batam”



  1. Tinggalkan sebuah Komentar

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s




About Me

Just a regular person graduate from Javanese Lecturer at University of Indonesia. Share about javanese language to keep this language exist. "Nguri-uri basa jawa kanggo anak putu..."

Today’s Quote

"True love is when you put someone on a pedestal, and they fall - but you are there to catch them." Anonymous

Corong

 

Januari 2012
S S R K J S M
« Des   Feb »
 1
2345678
9101112131415
16171819202122
23242526272829
3031  

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.