Sawenehing dina iki pawarta bab tank leopard dadi pawicantenan kang anget. Ganthaning pamarentah arep tuku tank sing asale saka Walanda kuwi diadhang dening anggota parlemen ing walanda uga parlemen Indonesia.
Parlemen Indonesia ora sarujuk yen TNI tuku tank bekas saka Walanda amarga dianggep ora cocog karo kondisi alam ing Indonesia.
Tank leopard sing ginawe dening negara Jerman iki jinisi kalebu tank yudha utama (main battle tank). Bobote sing tekan 63 ton miturut para anggota dewan kabotan kanggo dalan ing Indonesia. Ngerti dhewe yen dalan ing negara iki akeh sing kaya tempe digiles sithik wae ambles.
Indonesia sakjane yo bisa nggawe tank dhewe. PT. Pindad salah sawijining perusahaan kang biasa gawe senjata, sejatine wis duwe conto kanggo ngembangke tank. Sakdurunge, Pindad mroduksi wahana yudha kang jinise panser amfibi. Malah, perusahaan iki wis duwe purwarupane tank sing bobote uwih enteng tinimbang leopard yaiku 23 ton.
Saiki pamarentah tinggal milih, arep duwe tank bekas sing regane larang kuwi utawa tuku pakaryaning putra-putrine Indonesia. Sanajan ana paribasan sing unine ngene, rupa nggendhong rega nanging ing bab iki, ana rasa nasionalisme sing lagi banter diomongke bebrayan. TNI Angkatan Darat sing paling ngerti jinise tank sing bisa dienggo ing palagan.
Apameneh yen ndeleng pasanjatan lan piranti yudha negara tangga, Indonesia pancen dadi negara sing adoh kawuryan. Yen arep dadi negara sing dipakeringi karo tangga teparone, Indonesia kudu duwe piranti utama sistem pertahanan sing canggih. Saiki wayahe sing paling pas kanggo mbuktike yen negeri iki duwe tentara sing kuat kanthi piranti yudha kang modern lan canggih. Sing penting TNI mesti kena iwake aja nganti butheg banyune.